10 Contoh Puisi Bahasa Jawa (Geguritan) dengan Tema Menarik

Geguritan atau puisi Bahasa Jawa merupakan jenis karya sastra yang ada dalam budaya Jawa. Puisi ini biasanya dibacakan dalam acara-acara festival budaya Jawa atau acara sekolah. Pembacaannya juga dituturkan dalam tembang yang indah seperti puisi pada umumnya. 

Sama dengan puisi, geguritan juga sarat akan makna kehidupan yang mendalam. Setiap geguritan biasanya memiliki pesan yang ingin disampaikan oleh penulis kepada para pendengarnya. Berikut ini 10 contoh geguritan dengan berbagai tema yang menarik dan mengandung makna kehidupan yang bermanfaat!

Contoh Puisi Bahasa Jawa dengan Tema yang Menarik

Geguritan merupakan salah satu karya sastra yang biasanya dibacakan di acara-acara budaya Jawa. Pembacaan geguritan biasanya juga menggunakan irama yang khas seperti puisi pada umumnya. Berikut ini adalah 10 contoh puisi Bahasa Jawa yang disajikan dalam berbagai tema yang menarik:

1. Puisi Bahasa Jawa “Wewayangan” Karya Supriadi

Panguripanmu wus ginurit

Ing gelare kelir jagad gumelar

Surya pinangka blenconge

Bumi pinangka deboge

Lelakonmu dadi gancare carita

Kang sinanggit Kang Murba Kawasa

Binabar ing pangucap lan polah tingkah

Tangis lan guyu gegen hingane

Banjur kapan babare lelakon

Sawangen polahe kayon

Jejeg miring mirong ngetan mangulon

Sabdane Hyang Suksma humiring gen hing sabda kun

Ginarebeg pra widadara widadari

Mungkasi lakon sawengi iki

2. Geguritan “Ngejaman” Karya Purwadmadi

Jam

Gumingsire kala

Dhedhongkel mangsa lumuh cidra

Sengkala tidha ngresepi dina

Jam

Panjiret lena

Wancine lingsir sakehing langsir

Pasang brahala rakit walat cintraka

Geseh gesahing lampah Sang Murwakala

Ngejaman seksi jaman

Yogya kang gumlewang ngetus ampas panandhang

Kangslupan watak sabrang

Awak-awak adus tirta sumuk sumeng angleng rata

Nitik laku lampah cidra

3. “Wangsulanku” Karya Bintang Kalijaga

Dakambali wangsulanku Yayi

Genah yenta gurit kae kanggo Sliramu

Semono uga tembang Dhandhanggula

Gurisan tembung-tembung donga

Rinacik dadya mantra sembada sapadha

Apa kliwat kosetitekna Yayi

Sapungkure deres udan wingi sore

Dakgurit maneh batanganku

Upama geseh saka skabeng cangkriman

Larungen ing gumulunge ombak pasisir Bandengan

Sawuse kuwi

Bali dakjangkahi teles wedhi

Gisik samudra Jepara

Ilang tipak-tipak datan ketara

4. Sekolahku

Sekolahanku…

Panggonan anggonku golek ilmu

Sekolahanku…

Diwulang dening bapak ibu guru

Sekolahanku…

Sinau, maca buku

Ing panggonan iki

Aku diajari marang wong tuwaku kudu bekti

Ing panggonan iki

Aku diajari marang kanca aja srei

Diparingi PR kanggo gladhen

Kanggo sangu urip ing tengahing bebrayan

Aku percaya…

Sanajan abot kudu dilakoni

Kabeh mau kanggo kepentingan pribadhi

Kareben ngesuk dadi wong kang aji

Miguna tumprap bangsa lan nagari 

5. Puisi Bahasa Jawa Berjudul Ibu

Ibu

Anakmu kang dak wanti wanti

Kang dak kawatirake

Kak kok titipake ana pawiyatan luhur iki

Iki anakmu

Kang durung isa nyenengke ibu

Kang durung bisa nyenengke keluarga

Kang isih dadi tanggunganmu ibu

Nanging ibu

Anakmu iki bakal banggakke ibu

Banggakke keluarga kabeh

Anakmu rak bakal nyerah bu

Kanggo nyekel lintang ana langit

Kang kadhang ditutup mendhung

Kang kadhang mripat wis ora bisa nyawang

Nanging anakmu iki janji ibu

6. Kembang Jagung

Kembang jagung

Omah kampung pinggir lurung

Jejer telu 

Sing tengah bakal omahku

Gempa mungguh guwa

Mudhun nang bon raja

Methik kembang soka

Dicaoske kanjeng rama

Maju kowe tatu

Mundur kowe ajur

Jokna sak balamu ora wedi sudukanmu

Iki lo dadha satria

Iki lo dadha janaka

7. Wajibe Dadi Murid

Wajibe dadi murid

Ora kena pijer pamit

Kejaba yen lara

Lara tenanan

Ra kena ethok-ethokan

Yen wes mari bali neng pemulangan

Ja nganti mbolos-mbolosan

Mundhak dadi bocah bodho

8. Padang Rembulan

Ayo kanca enggala siyaga

Buku potlod sarapan wis sumadya

Srengengene sing ngawe-awe

Ngelingake aja lali kewajibane

Ayo kanca sinaua sing tata

Niat suci aja wedi rekasa

Nyametakke jiwa ragane

Ngenakake jujur sregep ing panggawe

9. Kanggo Kanca

Biyen, tanganmu genggem tanganku

Biyen, pundakmu enek kanggo aku nangis

Biyen, guyumu nentremke atiku

Nanging saiki….

Tangan, pundak, guyumu ilang saka uripku

Kanca-kancaku kabeh, bayangna

Apa sajatining kahanan sajroning dunya

Yen ora ana welas lan asih

Ora ana uga kekancanan tanpa pamrih

Ing sakjroning manah atiku

Aku ngrasakna kepengin ngamuk wektu iku

Kanca lan kancaku

Elinga rasa atiku iki

Jaganen rasaning welas asih iki

10. Geguritan “Layang Kanggo Emak” Karya Dandung Adityo

Mak, sliramu anyekseni kridhaning aji kabudayan manungsa Jawi

Tansah uga cinathet sesuluh hamemayu hayune nagara iki

Wiwit saka jaman Kartini

Kenceng ancas ing nguni

Sluman-slumun yasa dadi ramu

Lembah manah tansah dadi sangu

“Aja ketungkul marang kalungguhan, kadonyan, lan kamareman

Aja gumunan, aja getunan, aja kagetan, aja aleman

Aja pisan-pisan gumun angadhepi mompyore jaman iki

Aja getun jroning panemu kang becik

Aja kaget kabeh iku mung pethingan

Aja aleman ginayuh nyandhak sesawangan kekarepan”

Mak, senajan aku wong dhusun

Wiwit cilik tansah nelangsa lan getun

Pakaryanku mung tandur karo matun

Nanging ora kendhat anggonku dikon keri

Sabab akeh sawan manis sing tansah mbebayani

Mak, najan pangkat luwih cilik, urip butuh diajeni

Sing kudu kasinau, bab bakune kadewasan dhiri

Dadia wong kang piguna

Rawe-rawe pait getirira den rantasi

Ngadeg jejeg ora pijer miyar-miyur

Sarwa ndedonga kabeh kagungane Ingkang Maha Widhi

Mak, sembah sujud tambahing pangestu

Aku amung saderma

Ora nekad mring kang ala

Kabeh iku merga ati rinasa prungsang

Laras penak lamun suci

Kanggo pathokan gesang

Tata tentrem lair kalawan batin

Sudah Tahu Apa Saja Contoh Puisi Bahasa Jawa?

Beberapa contoh puisi Bahasa Jawa atau geguritan tersebut merupakan karya sastra dari para seniman. Karya sastra tersebut biasanya ditampilkan di acara-acara budaya Jawa dengan nada dan pengucapan yang khas. Geguritan tersebut juga mengandung berbagai makna yang bermanfaat untuk kehidupan. 

Karya sastra ini biasanya dipelajari di sekolah-sekolah wilayah Jawa seperti Jawa Timur dan Jawa Tengah. Para murid biasanya juga akan belajar bagaimana cara membuat geguritan yang baik. Selain melatih kreativitas, membuat geguritan juga akan melatih kepekaan para murid terhadap lingkungan sekitar. Jadi, mana geguritan favoritmu?

Share:

Leave a Comment

You cannot copy content of this page